Jumat, 30 Oktober 2009

Sya'ir Unik dan Menggelitik Jiwa yang Peka...

Oleh: Darmawan Islam (ki dalang Banyolan)

Wancine Goro-Goro

(Metune Puno Kawan: Semar, Gareng, Petruk lan Bagong)

Opoto kang diarani goro-goro…

Kulo bade nyritaaken kahanan donyo jaman merdiko

Wiwit tahun ptangpuloh limo ngantos sak meniko

Mulo …..Diperhatekno……


Goro-Goro Jaman Merdiko


Merdiko ora tambah mulyo

Ananging tambah rekoso , tambah nelongso….

Lan tambah sengsoro…

Sebab sing nduweni penguoso soyo sembrono…


Ora mikir nasibpe bongso, nasibpe negoro…

Opo maneh nasibpe agomo…..

Saben dino sing diburu mung bondo donyo..

Podo ora mengerteni yen mbesuk bakale ono sikso


Sing dicawesake dening gusti kang moho kuoso

Kanggo poro kawulo kang nglakoni angkoro murko

Yoiku sing diarani neroko……


Koyo mengkono kahanan jaman tuo

Akeh menungso kang podo lali karo agomo.

Pituture wong tuo jarene wis kuno

Ngaku islam ananging wani ninggal sholat limo…


Alasane pingin urip mulyo…

Sabendinane sing di pikir mung kerjo, kerjo. lan kerjo….

Direwangi ninggalne putro, kluargo, kadang malah negoro (TKI)

Yen salah kedaden….., iso-iso bojo ning omah di krayah tonggo…


La…….. salahe sopo …

Mergo Sing lanang golek pangupo jiwo

Sing Rumongso…. Yo mesti kolino….Kiro-kiro..

(kolo nyuwun rekso dumateng dzat ingkang moho kuoso).


Goro-Goro Jaman reformasi


Akeh menungso podo lali ngaji..

Rino wengi hobine nonton tivi lan visidi

Sing dadi idola poro selebriti…luar negeri


Yen di takoni “sopo kanjeng nabi”?

Jawabpe “aku ora ngerti”

Alasane saiki jaman teknologi


Akeh prawan hobine metu bengi

Ngalor ngidul boncengan petita-petiti…

Eh….., durung nikah wis nggembol bayi….

Salahe sopo iki…, emboh aku ora ngerti


Malah sing luwih nggegirisi…

Santri podo wani ninggalne kiyai

Pesantern jarene kuno buki…

Malah akeh kiyai kang podo prustasi

Mergo melu-melu rebutan “kursi” ora dadi…(caleg gagal)

Akhire yo…..ngene iki….


Goro-Goro Jaman Kemerdekaan


Akeh menungso podo lali karo pangeran…

Sing di gugu malah buju’e syetan..

Hobine ma’siat sak dalan-dalan…

Saben mbengi senengane ndem-ndeman


Di kongkon infak podo eman…

Yen diajak main judi,…kok malah bingung…nggolek utangan….

Diajak ngaji jarene ora urusan..

Nyambut gawe podo sungkan…

Bondone wong lio malah digawe rebutan (begal)


Alasane saiki wis jaman edan.

Yen ora melu edan,…mulo ..ora kebagean…

(ora kebagean edan maksute)


Goro-Goro Jaman Maju


Akeh wong wadon ora duwe malu

Klakuane podo kmayu…

Senengane metu dalu..

Pamer pupu ning ngisor waru…


Lumayan,…payu satus ewu

Mulih ngguya-ngguyu…

Eh,,,……wulan ngarep..wetenge lemu (hamil)


Goro-Goro Jaman cedak kiamat


Akeh menungso hobine maksiat

Wani Ninggalne taat…

Wis lali yen awa’e diawasi karo malaikat..


Di kongkon mbayar zakat pilih minggat…

Diajak sholat malah njaluk pegat

Dasar bojo kparat…


Luwih-luwih sing dadi pejabat…

Pirang-pirang sing kelakuane bejat..(ora kabeh)


Ora mangerteni yen rakyat podo mlarat..

Megab-megab,…….

Sing di buru mung munda’e pangkat

Pancene penghianat, penjahat…, ..


Dongakno cepet ndang tobat

Sak durunge skarat….


Penutub

Senajan kahanan wis koyo mengkene iki…

Dadi menungso ojo cilik ati

Ayo…, imane di gondeli…

Maksiat di kurangi, syukur-syukur di ilangi…

Ngajine di temeni…, solate dilakoni…

Anak bojo diopeni…

Golek rejeki sing halal lan tliti…

Mugo-mugo iso kanggo lungo haji…

Gawe sangune mati………



(ilustrasi ini merupakan kritik sosial, dan hanya sebagai banyolan (otak-atik gathuk). terinspirasi dari sebagian isi cramah KH ma'ruf islamudin Sragen dengan beberapa tambahan bebas yang lebih unik dan menggelitik.

Tidak ada unsur pencelaan yang di tujukan secara person, namun bersifat universal yang unik dan menggelitik jiwa. Mohon maaf bila ada yang kurang berkenan…)